[2]."Maturnuwun Gusti Yesus"- Jawa Puji.3gp - a podcast by Tze-John Liu

from 2019-12-12T21:55:02

:: ::

[2]. Jawa Hymn -"Thank You Jesus"/Terima kasih, Yesus.3gp // 1 Korintus 15 -- 1. Para Sadulur, ing saikiné aku arep ngélingaké bab Injil kang wus dakwartakaké marang kowé, kang iya wus padha koktampa, lan uga kokantepi. 2. Iya Injil iku kang dadi margané kowé padha kapitulungan rahayu, anggeré kowé padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakaké marang kowé, kajaba yèn anggonmu padha dadi pracaya iku mung tanpa guna. 3. Sabab kang wigati banget wus dakterusaké marang kowé, iya kaya kang wus daktampa dhéwé, yaiku yèn Kristus wus nglampahi séda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci, 4. menawa Panjenengané wus kasarèkaké, sarta ing telung dinané wus kawungokaké, cundhuk karo surasaning Kitab Suci, 5. apadéné Panjenengané wus ngatingal marang Kéfas nuli marang para sakabaté rolas. 6. Sawisé iku, banjur ngatingal marang sadulur luwih saka limang atus bebarengan; kang akèh nganti sapréné isih padha urip, salong iya wis padha mati. 7. Nuli ngatingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabèh. 8. Déné kang kèri dhéwé, ngatingal marang aku, padha kaya marang anak kang lair durung mangsané. 9. Sabab aku iki kang asor dhéwé ing antarané para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wis tau nguya-uya pasamuwané Allah. 10. Nanging marga saka sih-rahmaté Allah, aku dadi kaya aku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingaké marang aku iku ora kothong. Kosok-baliné, aku wis nglakoni pagawéan luwih akèh katimbang para rasul kabèh; mung baé dudu aku, nanging sih-rahmaté Allah kang nunggil kalawan aku. 11. Kang iku, dadia aku, dadia para rasul liyané, kaya mangkono anggonku padha martakaké, lan kaya mangkono anggonmu padha pracaya.

Further episodes of ===

Further podcasts by Tze-John Liu

Website of Tze-John Liu